Page 34 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 34

MULA BUKANE UMBUL TLATAR


                       Dhek jaman biyen ing Pulo Jawa sisih Tengah ana alas gung liwang-liwung. lng alas

                kono kebak wit-witan kang gedhe lan uga dadi papan dununge maneka wama kewan-kewan.

                Sapinggire alas kono ana sawijining desa kang arane Kademangan Catursari. Kang nyekel

                paprentahan ing kono yaiku Ki Demang Sepuh. Ki Demang Sepuh mrentah kanthi adil lan

                wicaksana. Kawula ing Kademangan Catursari tansah urip ayem tentrem.



                                                                                Ora  let  suwe  Ki  Demang

                                                                        Sepuh      seda.    Paprentahan      ing

                                                                        Kademangan        Catursari      diganti

                                                                        dening Ki Demang Anom, putrane Ki

                                                                        Demang Sepuh. Ki Demang Anom ora

                                                                        nate  mikirake  kawulane.  Dheweke

                                                                        mung mikirake kepentingane dhewe.

                                                                        Alas  sak  isine  pisan  digadhekake


                                                                        marang  wong-wong  manca.  Dening

                                                                        wong manca, kabeh wit-witan padha

                                                                        ditegori  Ian  kabeh  isi-isine  alas

                dikuras nganti entek. Akibate kali-kali ing Kademangan Catursari dadi garing ora ana

                banyune.  Ing  mangsa  paceklik  kawula  ing  Kademangan  Catursari  ngarep-arep  tekane

                Raden Bagus Kencana, adine Ki Demang Anom seje ibu. Nanging wektu iki dheweke lagi

                meguru marang Begawan Abiyasa ing Pertapan Gunung Pitu.






















        33 | S M P   K E L A S   V I I
   29   30   31   32   33   34   35   36   37   38   39