Page 39 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 39
Banget kagete wong tuwane Joko Genthong meruhi anake ora ana ing omah, banjur
digoleki ing desa-desa sakiwa tengene, nanging ora ana sing ngerti lungane Joko
Genthong menyang ngendi.
Joko Gentong sing wis nandhang lara lan sangsara anggone nglakoni lelakon iki,
mampir ing sawijining papan kanggo semedi, ing semedi kasebut kacritakake yen awake
Joko Genthong maleh dadi kuru, angel kanggo obah amarga wis ora duwe tenaga.
Nom-noman sing biyen dikagumi wis ora katon kaya biyen, mung meneng wae, mung
kolo-kolo tangan lan sikile obah-
obah kaya cacing. Weruh tangan
lan sikile Joko Genthong obah-
obah kaya cacing, para
pandhereke bocah wadon mau
banjur kandha, “wong kok kaya
cacing” lan anehe awake Joko
Genthong saya cilik dadi cacing
sing banjur pindhah menyang
sumber banyu banjur ilang.
Mula wong loro mau padha
ngerti nasibe Joko Genthong lan
matur marang cah wadon yen sumber banyu kasebut jenenge Kali Cacing kanthi pangarep-
arep mbesuk sumber saka iku bisa migunani kanggo wong akeh. Amarga kesel, akhire
diputusake adus sakdurunge nerusake perjalanan mulih.
38 | S M P K E L A S V I I