Page 35 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 35

Kocapa, Raden Bagus Kencana wis tutug anggone sinau. Banjur ngadhep marang

                sang  begawan.  Sang  Begawan  banjur  dhawuh  supaya  bali  menyang  negarane,  Sang

                Bengawan  ngandharake  manawa  negarane  lagi  nandhang  paceklik  lan  ketrajang  ketiga

                kang dawa. Ing wanci kang isih esuk Raden Bagus Kencana sida ninggalake papan pagurone

                budhal mulih menyang papan kelairane. Dheweke dikancani abdine kang kinasih kang aran

                Cipto Gareng lan Cipto Jiyo.


                                                                                         Kocapa, lakune Raden


                                                                                  Bagus  Kencana  wis  tekan

                                                                                  tapel  watese  Kademangan

                                                                                  Catursari.  Saka  kene  wis

                                                                                  katon  lemah  kang  biyene

                                                                                  subur  saiki  wis  malih,  wit-

                                                                                  wit  kang  padha  garing  ora

                                                                                  ana      godhonge.        Para


                                                                                  kawulane  katon  kuru-kuru

                                                                                  kaya mayit urip.


                       Sawise  tekan  ing  omahe  eyange,  Sabanjure  terus  lungguh  bebarengan  ing

                pendhapa ngrembug bah kahanan paceklik lan ketiga kang dawa uga kawula kang padha

                kaliren ing Kademangan Catursari . Raden Bagus Kencana crita menawa ing kayangan Si

                Pendhok ana telaga kang banyune kimplah-kimplah. Dheweke nampa dhawuh saka gurune,


                Begawan  Abiyasa,  supaya  bisa  ngilekake  banyu  saka  kayangan  Si  Pendhok  menyang

                Kademangan Catursari. Sakdurunge srengenge njedhul saka wetan. Raden Bagus Kencana

                banjur nyuwun pangestu marang ibu lan eyange.
















        34 | S M P   K E L A S   V I I
   30   31   32   33   34   35   36   37   38   39   40