Page 32 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 32
Sawise tekan tengahing alas dumadakan dicegat dening durjana cacah loro. Para
durjana iku banjur njaluk Ki Ageng supaya ninggalake bandhane. Sabanjure durjana
cacah loro iku ngrebut pring kuning kang diasta dening Nyi Ageng Pandanarang. Sawise
pring iku dipecah, pancen nyata isine pring mau emas inten barleyan lan dimwit dinar. Nyi
Ageng Kaliwungu mbengok sora njaluk pitulungan marang keng garwa. Krungu sambate
keng garwa iku Ki Ageng Pandanarang banjur duka. Durjana loro kasebut banjur
disepatani. Durjana kang wetenge
mblendhing praupane salin wujud
kaya praupane wedhus, kang
sabanjure arane Seh Domba.
Durjana kang katon kereng
praupane salin wujud dadi kaya
ula, sabanjure arane Seh Kewel.
Durjana iku sabanjure
ngaku luputlan njaluk pangapura marang Ki Ageng Pandanarang. Sabanjure durjana cacah
loro iku ngabdi marang Ki Ageng Pandanarang, Sawise ngaso sawetara, Ki Ageng
Pandanarang Ian Nyi Ageng Kaliwungu banjur nerusake lakune ngidul mangetan. Seh
Domba Jan She Kewel nginthil ana samburine. Lakune rombongan wis katon adoh banget.
Gunung Merapi lan gunung Merbabu wis den liwati. Saka kadohan gunung loro iku katon
kaya gunung kembar. Nalika srengenge pas ana ndhuwur sirah, Ki Ageng Pandanarang wis
tekan ing kali Tempuran Sabanjure Ki Ageng Pandanarang terus sholat lohor ana ing
sajroning watu Jeter ing satengahing kali tempuran kono, sinambi ngenteni garwane kang
isih ketinggalan ana mburi.
31 | S M P K E L A S V I I