Page 36 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 36

Lakune Raden Bagus Kencana wis tekan ing Kayangan Si Pendhok. Katon sawijining

                telaga kang ambane ora mekakat Ian banyune bening banget saengga dasaring bisa katon.

                Bagus Kencana banjur matur marang abdine cacah loro iku manawa dheweke bakal semedi

                ana kene


                       Panyuwune  Raden  Bagus  Kencana  dikabulake  dening  Sang  Hyang  Widhi.  Ing

                sakjroning  semedi  kaya  keprungu  swara,  "Bagus  Kencana,  Panyuwunira  sun  kabulake.

                Banyu  arep  dikirim  liwat  ngisor  lemah.  Mung  welingku  aja  pisan-pisan  sirahmu  nolah-


                noleh." Katon bungah atine Raden Bagus Kencana amarga kang den sedya bisa oleh hasil.


                       Kocapa, lakune Raden Bagus Kencana wis tekan dhukuh Tlatar. Dumadakan krungu

                swara gembrudug kaya ana gunung jugrug. Saknalika banjur noleh nyang mburi. Banjur

                kaget bareng nyumumpi banyu kang nyembur saka nglemah. Saya suwe banyune saya akeh

                arep ngebakijagad. Raden Bagus Kencana katon keduwung atine amarga dheweke noleh

                                                                             nyang     mburi,     amarga     ing


                                                                             Kayangan  Si  Pendhok  mau  wis

                                                                             diweling  ora  kena  noilah-noleh

                                                                             lakune.


                                                                                     Ya,  amarga  nolah-noleh

                                                                             iku  kang  njalari  banyu  kang

                                                                             dikirim  liwat  ngisor  lemah

                                                                             banjur  njebos  ana  ing  dhukuh

                Tlatar. Raden Bagus Kencana banjur bali sowan maneh menyang Kayangan Si Pendhok.


                Banjur semedi maneh nyuwun pepadhang saka Sang Hyang Widhi. Sawise semedi pitung

                dina lawase banjur nampa wangsit. "Bagus Kencana, umbul ing Tlatar sumpelana nganggo

                gong kang digawe saka emas. Wis saiki sira enggal baliya menyang Kademangan Catursari.

                Banyu arep ngetutake lakumu."











        35 | S M P   K E L A S   V I I
   31   32   33   34   35   36   37   38   39   40   41