Page 38 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 38
KALI CACING
Ing jaman biyen ana pawongan enom kang jenenge Joko Genthong. Joko Genthong
iku urip ana ing sawijining desa. Nalika wis diwasa, dheweke dadi siji-sijine nom-noman
kang urip ana ing ing desa kasebut. Joko Genthong seneng semedi ing panggonan kang
sepi sing kerep diarani panggonan kang mbebayani lan angker, nanging Joko Genthong
nganggep ora kaya mangkono. Miturut panemune, papan kasebut kepenak, aman lan
tentrem. Suwe-suwe jenenge Joko
Genthong saya misuwur, Solah
bawane sing sopan ndadekake
dheweke disenengi dening wong
akeh.
Ing jaman biyen ana
kedadeyan sing ora nyenengake lan
gawe kuciwane masyarakat. Nom-noman sing manggon ing dhusun Joko Genthong gelut
karo wong enom liyane saka dhusun tanggane, wiwitane regejegan iku mung salah paham,
nanging pungkasane dadi padu. Sawisé perkoro dadi rame, Joko Genthong melu campur
tangan amarga desane kewalahan nampa serangan saka warga desa liyane lan pranyata
dheweke bisa menang.
Wiwit iku jenenge Joko Genthong saya kondhang lan dadi omongan wong tuwa,
kang kepengin ndadekake mantune. Malah akeh uga wong wadon kang teka ing omahe Joko
Genthong kanthi niyat kepengen dadi bojone (ngunggah-unggahi), nanging ora ana wong
wadon siji-sijia sing narik kawigatene. Sawijining dina ana bocah wadon kang ngancem
yen lamarane ora ditampa, wong tuwane bakal meksa lan yen ora kasil, dheweke bakal
dipateni.
37 | S M P K E L A S V I I