Page 40 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 40
Kedadean aneh liyane sawise adus, bocah wadon katon luwih ayu, seger lan wis
pulih kekuwatane awak, ananging pangiring e dadi kuru, mung kari kulit lan balung, kabeh
iku minangka akibat saka wangsulane Joko Genthong amarga dikutuk dadi cacing lan
maneh pangiring nyumbari, "Kali cacing mung bakal metu banyune ing mangsa ketiga".
Sakwise ngomong ngono,
wong loro mau banjur mulih
kanthi rasa sing beda-beda,
bocah wadon mau bungah
lan pangiring e sedhih.
Pungkasaning crita
kabukten nganti saiki
milining kali cacing mung
kenceng nalika mangsa
ketiga lan sumbere iki digunakake dening warga kanggo ngombe banyu lan kanggo
kawigaten uwong okeh. Wilayah kasebut banjur dadi desa sing makmur lan diwenehi
jeneng Desa Kali Genthong (Kecamatan Ampel).
39 | S M P K E L A S V I I