Page 37 - Bahan Ajar Digital Cerita Rakyat
P. 37

Sawise  sawetara  wektu  lumaku,  dumadakan  keprungu  swara  gembrudug  ing

                samburine. Banjur dheweke noleh. Lha· kok ana banyu kang ngetutake lakune Raden Bagus

                Kencana.  Sabanjure  Raden  Bagus  Kencana  terus  mlayu  banter  banget  nganti  tekan

                Kademangan Catursari. Miline banyu kang ngetutake lakune Raden Bagus Kencana mau

                banjur dadi kali kang ngliwati Kademangan Catursari. Kali kang anyar iki banjur diarani

                kali Buthak, amarga rikala dumadine banyune buthek banget.


                       Kawula ing Kademangan Catursari bungah atine bareng Raden Bagus Kencana kasil


                nggawa banyu menyang Kademangan Catursari. Kabeh padha suka parisuka, nganakake

                andrawina. Ing satengahing andrawina iku Raden Bagus Kencana ngandhakake menawa ora

                suwe maneh tanah Jawa bakal dadi segara amarga umbul ing Tlatar terus mbludak. Ben

                aja nganti mbludak kudu di sumpeli nganggo gong kang digawe saka emas. Para kawula ing

                Kademangan Catursari banjur urunan nglumpukake emas kanggo gawe gong. Telung dina,

                gong kang digawed saka emas 33 kilogram wis rampung anggone nggawe Ian terus digawa

                menyang umbul Tlatar. Gong kasebut banjur kasumpelake menyang umbul kang gedhe


                dhewe. Shitik mbaka sethithik banyu kang muncrat iku saya cilik. Nganti seprene banyu

                ing umbul Tlatar tetep mili ora tau asat.










































        36 | S M P   K E L A S   V I I
   32   33   34   35   36   37   38   39   40   41   42