Page 43 - MAJALAH DIGITAL LENTERA ILMU
P. 43

KARYA GURU

             Geguritan





                   Guru Tuwa ing Sakjerone Jaman Komputer




                                       Aku iki guru tuwa sing lair saka kurikulum kuna
                           Pasinaon sarwa dieja, kadi ilmu etung tumekan hanacaraka basa jawa
                                          Semono uga nalika mulang muruk siswa
                                         Dakwutah babarke kabeh apa sing aku bisa
                             Ora sithtik siswaku sing mentas pinter, ana sing dadi guru kaya aku
                                     Bidan, polwan, polisi, pramugari, suster, lan dokter
                                 Marem anggonku nyawang, nganti ati rasa mak seeerrr...!

                                 Ananging bareng saiki jaman wis owah ing sakkabehe arah

                                   Thirik-thirik kurikulum anyar ditata apik ing rak sekolah
                   Murih ngetut majune jaman kareben generasi muda ora ketinggalan karo bangsa liyan
                                 Aku  guru tuwa gedhek-gedhek ora bisa tumindak apa-apa
                             Aja maneh mulang muruk siswa nganggo cara daring ing layar hape
                                              Nunyul hurufpe bae durung nate

                                    Laptop, tablet, apa tah komputer blas aku ora pinter
                                Akal pikirku ora nyandhak babar pisan kaya guru nom-noman

                         Sing lair saka kurikulum gagrak anyar kang nduweni panjangka kabeh siswa
                              Kudu bisa maca nulis etung nganggo sarana internet lan android

                                                     Wah, wah, wah...!
                                                Akalku saya keblinger, malah
                   Amarga pungkasane ora bisa mbedakke endi siswa bodho, endi sing bener-bener pinter
              Siswa bodho wis dadi jamak ngalahke sing pinter, amarga sregep nggolek ngepek wangsulan saka
                                               mbah google ana ing komputer
                        Ewodene sing pinter ora duwe komputer, anane bingung mung mutar-muter
                             Yen kaya mangkono kahanane, guru tuwa sapa jajal sing ora keder
                                                      Endi sing bener?


                                              Klik tombol play untuk

                                            mendengarkan Geguritan













                                                                             Majalah Digital - Lentera Ilmu    42
   38   39   40   41   42   43   44   45   46   47   48