Page 44 - MAJALAH DIGITAL LENTERA ILMU
P. 44

KARYA GURU



              Geguritan

                                        “NGANGKLUHE GURU NDESA”



                                         Dina dakrasa katon dawa meh rung warsa

                                    Nyenyet latar sekolah ora ana sliwer playune bocah

                                             Anggawe ati guru sang saya jengah
                                       Korona sing teka dumadakan tanpa wara-wara

                         Pageblug gedhe sakjerone negara, kang bisa anjalari lara patine manungsa

                                    Ora  milih gedhe cilik, bayi dhewasa, enom apa tuwa

                              Kalebu bocah sekolah sing saben dina dakopeni saksuweni iki uga
                                       Kanggo keslametan, panguasa enggal paring perintah

                                               Bocah-bocah kon sekolah ana ngomah

                                            Bapak Ibu guru mulang wuruk saka sekolah

                                      Nganggo cara daring, sing ora kabeh bocah bisa diparing
                           Pungkasane bocah padha bingung, kon sekolah malah saya mbambung

                                   Sambat rama biyung, wong tuwa malah tulang-tulung

                                    Amarga ora ngerti ana tugas saka guru sing kudu diisi

                               “Kula niki tiyang ndesa Pak Guru, mboten gadhah android napa pulsa
                                            Ingkang saben wektu mboten saged ketuku,

                                 Amargi arta telas kangge tumbas segelas beras lan gereh pethek”

                                      Dudu babagan sekolah pikir wong ndesa cethek

                        Ananging njaga weteng ben ora nganti luwe, wis rumangsa seneng gedhene
                                   Mireng nggresulane wong tuwa bocah kaya mengkono

                                Guru ndesa meneng ora bisa mangsuli apa-apa karo mlongo


                  Sardono Syarief, guru SDN 01 Domiyang, Kecamatan Paninggaran, Kabupaten Pekalongan, Jateng 51164
                                                kulina nulis geguritan, puisi, cerita, esai, lan lagu siswa ing media cetak.
                              Pak Guru sing kadhang nganggo pasinglon jeneng Esdeen Syarief iki bisa disrawungi ana ing
                   Fb.sardono.syarief, IG @sardonosyarief, email: esdeensyarief583@gmail.com, lan WA : 0852 2625 2146
                                                Klik tombol play untuk
                                              mendengarkan Geguritan










                                                                             Majalah Digital - Lentera Ilmu    43
   39   40   41   42   43   44   45   46   47   48   49