Page 10 - UKB 1 Geguritan
P. 10
Alam sakupeng ngamuk nggegirisi
Laut muntab tanpa kabendhung
Alon-alon samubarang kauntal, kauncalake dening banyu bah saka laut
Manungsa kocar-kacir tunggang langgang, golek slamet
Geguritan 2
KALI GIRINDULU
Dening F.X Hoery
Kumricik tanpa wirama
Ing mangsa ketiga
Kebak panalangsa
Pereng tebane pangarep
Dadi kebukak tanpa elung
Mangsane udan tumiba
Pecahing kamurkan lubering kasangsayan
Tan pinilih
Kabeh katrejang
Gumuruh campuh swara titir kenthong
Kenthir kerem ing segara
Pupuhing mangsa
Kari cuwa lan panalangsa
c. Penutup
Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran,
coba saiki renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna
apa kang dadi kesan sawise sinau babagan Teks Geguritan kanthi menehi tandha
centhang (√) ing tabel ngisor iki!
No. Pernyataan Ya Tdk
1. Aku wis bisa mangerti teks geguritan
2. Aku wis bisa ngidentifikasi karakteristik geguritan
3. Aku wis bisa identifikasi struktur teks geguritan
4. Aku wis bisa identifikasi isi lan pesen moral teks geguritan
5. Aku wis bisa wenehi tandha jeda lan intonasi
6. Aku wis bisa maca teks geguritan
Yen wangsuli “Ora” ing salah sawijine pernyataan ing duwur, sinauo maneh materi
kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan sinau maneh kagiyatan 1,2,3,4 kalian
bimbingan guru lan konco. Ojo nyerah kanggo mbaleni maneh. Yen jawab “YA” ing
saben pitakon, marekno UKB materi sakmarine.
Ing endi posisimu?
Ukuren kemampuanmu mangerteni materi puisi tradisional lan puisi modern ing
rentang biji, tulisen ing jero kotak sing ana ing ngisor!