Page 9 - UKB 1 Geguritan
P. 9
Intonasi yaiku munggah mudune lagu pocapan ing ukara. Intonasi kuwi
akeh manfaate, bisa mahami isi geguritan uga bisa mbiyantu kanggo njlentrehna lan
mbedakake kekarepan utawa piweling.
GLADHEN 4
1. Supaya awakmu bisa ngerti apa wae pangertene jeda, golekana ing buku
paket apa kuwi sing dimaksud jeda cekak, jeda madya, lan jeda dawa!.
2. Golekana jinise intonasi lan wenehi wujude intonasi!
3. Wenehi tandha jeda lan intonasi ing geguritan sing arep kokwaca ing
kegiyatan pasionan 5!
Kegiatan Pasinaonan 5
Maca Teks Geguritan
Sakdurunge maca geguritan, ana bab-bab sing kudu digatekake nalika
maca geguritan
1. Mangerteni isine geguritan
2. Ngrasakake isi lan kekarepan geguritan
3. Nggatekake pocapan lan wirama
4. Bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
GLADHEN 5
Wacanen kang endah geguritan ing ngisor iki kaliyan gatekake bab bab sing
kudu digatekna nalika maca puisi. Ana 5 kriteria sing arep dinilai yaiku artikulasi,
intonasi, ekspresi, wirasa, wiraga.
Geguritan 1
Tsunami
Banyu laut kang maune antheng glinteng kaya bayi turu angler kepati
Esuk kang padhang njingglang tanpa mendhung…putih suci
Nuduhake marang manungsa kabeh sektine Gusti
Cahyane bagaskara padhang nyinari bumi pertiwi
Angkasa kang bawera dumadakan peteng ngglimeng
Netesi bumi pertiwi kanthi luhe kang tumetes
Angkasa dadi peteng, bumi horeg