Page 7 - UKB 1 Geguritan
        P. 7
     padha anggega kersane pribadhi
               ngugung nguja luntaking angkara
               yen kepagol asesanti
               rawe-rawe rantas malang-malang putung
               singa lena nemahi pralaya
               katon wewentahan ujaring kandha
               napsu angedhaton ing ati
               rasul lan malaikat ora kasat mata
               banjur buteng mbregudhul ora ngerti
               anggering tata suba sita lan agama
               nek atine kagol kepantong liyan
               embuh ora ngerti eling
               tutur muni saujar dadi ganjelaning ati
               ora perduli embuh salahe
               nanging rumangsaku luwih entheng mayang ing ati
               dadi luber ajur mung kadi maruta
               ganjelaning ati kaanggep sesendhon
               tinambahan eling marang
               lajer kang tinandur Gusti
               kanthi mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput
               Didhudut saka http://kampoengilmu.com/geguritan-bahasa-jawa/#5_Geguritan_Tema_Lingkungan
               Yen wis rampung maca geguritan kasebut banjur saiki identifikasi pesen moral kang kinandhut kanthi
               implisit lan eksplisit ing geguritan Rumangsaku!
               1.  Pesen kang tinulis tersurat ing geguritan
                  Pada                                     Pesen Moral
                1
                2
                3
                4
                5





