Page 3 - UKB 1 Geguritan
P. 3

Pahlawanku
               Wutahing ludirmu
               Nyiram ibu pertiwi
               Nadyan sang ibu
               Kudu muwun sedhih
               Karajang-rajang manahe
               Karujit-rujit rasa pangrasane


               Pahlawanku
               Mugya Gusti paring nugraha
               Semana gedhene bektimu
               Jiwa raga, bandha donya
               Tanpa sisa
               Amung siji pangajabmu
               Merdeka


               Didhudut saka https://rejekinomplok.net/geguritan-bahasa-jawa/

               Pitakon-pitakon sing gegayutan karo geguritan ing dhuwur wangsulana kanti paitis!


               1.  Apa kang dikarepake irah-irahan geguritan ing dhuwur Pahlawanku?. Coba terangna
                    tegese kanthi ringkes!
               2.  Manut panemumu, piweling apa sing arep disampekna pangurit ing geguritan iku?
               3.  Tema sing didapuk pangurit ing geguritan kasebut yaiku....
               4.  Sebutna karakteristik geguritan ing dhuwur miturut panemumu!
               5.  Apa sing dirasake (rasa/feeling) pangurit ing geguritan ing dhuwur!

               b.  Kegiatan Inti
                  Petunjuk Umum UKB
                     1.  Wacanen  lan  mangerteni  materi  ing  Buku  Teks  Pelajaran.  Lihat  dan  baca
                         pada Buku Teks Pelajaran (BTP): Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA kelas XI.
                         2013. Surabaya: Duta. Kaca 4-12
                     2.  Sakwise mahami isi materi ing wacanan. Ngelatih mikir kritis liwat UKB iki.
                         Bisa dikerjakna dewa utawa kelompok.
                     3.  Kerjakna UKB iki ing buku bahasa jawa
                     4.  Murid-murid bisa sinau bertahap lan berlanjut liwat kegiatan ayo latihan,
                         Yen murid rumangsa bisa lan paham ngerampungna tugas ing kegiatan belajar
                         materi puisi tradisional lan puisi modern, murid-murid bisa melu tes formatif
                         supaya bisa sinau UKB sakwise.
                  2). Kegiatan Belajar
                  Ayo……sinau kanthi sabar lan konsentrasi !!!
   1   2   3   4   5   6   7   8