Page 8 - UKB 1 Geguritan
        P. 8
     2. Pesen kang tersirat ing geguritan Rumangsaku
                  yaiku...............................................................
                       .....................................................................................................................................................
                       ....................................................................................................................................................
                                               Kegiatan Pasinaonan 3
                                   Nggancarake (Memparafrase) Teks Geguritan
               Cara nggancarake teks geguritan yaiku:
                   1.  Ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana)
                   2.  Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni
                   3.  Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha tegese
                   4.  Menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya
                       geguritan gampang dingerteneni
                   5.  Menehi tandha pawacan
                   6.  Nyalin ukara-ukara ing geguritan mawa ukara prasaja (lugas) kanthi awangun
                       gancaran (prosa)
                         GLADHEN 3
                        Geguritan irah-irahan Rumangsaku dening Roewandi sing ana ing gladhen 2
               gancarake migunakake basamu dewe. Awakmu bisa migunakake basa komunikatif
               selaras karo paugeran lan tata cara nggancarake geguritan!.
                                               Kegiatan Pasinaonan 4
                                 Wenehi Tandha Jeda lan Intonasi ing Geguritan
                        Sakdurunge praktek maca geguritan, kita kudu bisa wenehi tandha jeda lan
               intonasi ing geguritan supaya bisa maca geguritan kanthi apik. Jeda yaiku ndheg-
               ndhegan (berhenti) lakune pangucapan sajroning maca geguritan kang ditemtoake
               dening gantining gatra (larik). Jinising jeda ana telu yaiku:
                   1.  Jeda cekak
                   2.  Jeda madya
                   3.  Jeda dawa





