Page 4 - UKB 1 Geguritan
P. 4
Kegiatan Pasinaonan 1
Nemtoake Struktur Teks Geguritan
Apa iku Geguritan?
Geguritan utawa dicekak guritan yaiku salah
sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes, lan
endah. Geguritan asalae saka tembung gurit sing duweni
teges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.
Geguritan kaperang dadi loro yaiku geguritan gagrag
lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi jawa modern).
Titikane geguritan gagrag lawas yaiku:
a. Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
b. Lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
c. Guru lagu utawa rima utawa pola persajakan pinathok
Yen geguritan gagrag anyar ora kaiket dening paugeran. Geguritan iki ora
duweni struktur baku ngenani cacahe gatra lan cacahing padane. Ing geguritan
lumrahe migunakake basa rinengga supaya katon endah lan miturut kreativitas
pangurit. Geguritan ya duweni struktur yaiku.
1. Struktur Fisik
a. Tipografi (bentuke)
b. Diksi (pilihan tembung)
c. Imaji (Pengungkapan Indrawi)
d. Tembung Konkret
e. Busananing Basa (Gaya Bahasa)
f. Wirama (Rima)
2. Struktur Batin
a. Tema utawa Makna
b. Rasa (Feeling)
c. Nada (Tone)
d. Piweling
Supaya para murid bisa mangerteni apa kuwi strukture, golekana penjelasan
babagan bageyan struktur fisik lan struktur batin geguritan!.