Page 5 - UKB 1 Geguritan
        P. 5
     GLADHEN 1
                           Gatekna geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone nganthi paitis!
               RON GARING
               Wengi sansaya atis
               nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
               kang digawa dening angin
               prasasat tan kendhat
               anggonku kulak warta adol prungu
               ananging isih mamring
               aku wis pingin cecaketan
               obormu kang makantar-kantar
               madhangi jangkah lan jagatku
               ana ngendi papanmu
               lelana tapa brata
               tanpa pawarta tanpa swara
               aku kadya ron garing
               kumleyang kabur kanginan
               ing jagat peteng lelimengan
               krasa luwih abot
               anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
               mlakuku ora mantep
               kagubet ribet lan ruwet
               adoh saka cahyamu
               pedhut ing sakindering pandulu
               panjenengan
               guruku, sihku, oborku
               kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati
               didhudhut saka http://menghormatiorangtua.blogspot.co.id/2012/03/puisi-bahasa-jawa-atau-
               geguritan.html
               Identifikasi struktur geguritan Ron Garing ing dhuwur !
               No        Aspek                               Bukti lan Penjelasan
               1     Tipografi
               2     Diksi
               3     Imaji
               4     Tembung
                     Konkret





