Page 15 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 15

Kagiyatan                         Maca Teks Panyandran

                 Belajar 4

                 Ing  kagiyatan  iki,  para  siswa  kaajab  bisa  mangerteni  teknik  maca  teks  panyandran.
          Sadurunge,  kanggo  nggampangake  anggon  nyinaoni  bab  iki,  ayo  bebarengan  diwaca  uraian
          materi lan tuladha ing ngisor iki!
             Maca  panyandran  kudu  nggatekake  wirasa,  wiraga,  lan  wirama.  Apa  kang  dimaksud
             wirasa, wiraga, lan wirama?
                Wirasa yaiku tingkatan penghayatan dan penjiwaan, seperti tegas, lembut, gembira,
                dan  sedih  yang  mengekspresikan  melalui  gerakan  dan  mimik  wajah  sehingga
                melahirkan keindahan.
                Wiraga yaiku dasar keterampilan gerak tubuh.
                Wirama  yaiku  suatu  pola  untuk  mencapai  gerakan  yang  harmonis.  Di  dalamnya
                terdapat pengaturan dinamika seperti aksen dan tempo.


                 Sawise  mangerteni  teknik  maca  teks  panyandran  kasebut,  coba  praktik  wacanen  teks
          panyandran ing ngisor iki!

                                            KIRAB KASATRIYAN
             Bebarengan karo swarane gendhing kang mbabar Ketawang Ibu Pertiwi, kaya ana sunar mencorong metu
             saka  papan  ngasone  penganten.  Iki  pratanda  yen adicara  Kirab  Kasatriyan  bakal  enggal  kalekasanan.
            Tumiyube angin kaya nggawa ganda wangi ya gandane Penganten sakloron, kaya aweh sasmita minangka
             dayane  donga  saka  para  rawuh  kakung  putri  kang  tansah  muji  muga-muga  lakune  penganten  anggone
            ambyur ing jagade bebrayan tansah didohake saka sakabehe alangan, sing tinemu amung rasa bagya mulya
            awit saka kanugrahane Gusti ingkang Murbeng Dumadi.Lakune penganten sakloron kaya ngenut iramaning
             gendhing. Ketara yen penganten sakloron mujudake priyayi kang njunjung marang lestari lan endahing
             kabudayan Jawa. Dhasar sing lanang dedege gedhe dhuwur, nganggo klambi kaya satriya, yen disawang
            saka  kadohan  kaya  Danang  Sutawijaya  kang  nggandheng  sang  garwa  ya  Dewi  Semangkin.  Kekarone
            anggone lumaku tansah gegandhengan tangan raket banget, kaya ora bakal ucul.
            Pengantene putri, pancen wanita kang ayu tenan. Manganggo klambi kang kaya bojone ratu, yen sinawang
             saka kadohan kaya wujude widadari kang tumurun saka kayangan. Pakulitane kuning, resik lan katon seger.
             Pawakake lencir, irunge bangir, mripate bunder. Alise njlarit. Lambene tipis kaimbuhan benges abang, kaya
            tansah mesem mring kang lagi maspadakake. Anggone lumaku gandhes, luwes, tur kepenak disawang. Akeh
             kang ngudarasa, begja temen wong lanang kang bisa ngiket atine. Saka solah bawane, ketara yen ayune ora
            mung laire wae, nanging uga tekan batine.
             Lakune penganten sakloron wis ngancik sangarepe para tamu. Kaya ora tumengo panyawange para tamu
             kajaba marang penganten sakloron. Ing batin ngudarasa, kekarone nyata-nyata pancen wus ginaris dadi
            jodhone, sing lanang bagus, sing wadon ayu, nyata awit saka peparinge Gusti. Mangkono uga, penganten

            sakloron,  anggone  lumaku  karo  noleh  nengen,  noleh  ngiwa  lan  tansah  mesem,  kaya  aweh  salam

            pangayubagya marang sakehing para tamu. Ing batin uga tansah memuji muga-muga Gusti paring liru
            marang kabecikane para tamu kang wus gelem teka lan aweh donga pangestu.

                                                                            Sumber: Sastri Basa kelas X














          @SMAN 2 Surabaya                                                                            11
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20