Page 14 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 14

Tansah gawang-gawang raketing sih katresnan‖. Para werdha ingkang uninga

                sri  penganten  sarimbit  satemah  enget  mring  darmane,  gya  paring  pepuji,  ―muga

                tutuga anggenira jejodhohan, lestari nganti purnaning mangsa, sih kinasihan kadya

                angganing mimi kang lagya amintuna.
                        Katingal  prayitneng  kewuh  memayungi  yuwananing  penganten,  punika  ta

                taruna kekalih kang pindha senapatining prang. Dhasar pekik ing warna sinasaban

                busana  adi.  Mila  tambah  gawang-gawang  cahyane,  kentar-kentar  katon  bergase,
                tebah jaja atampel wentis para warara ingkang samya humiyat, njinggleng pandulune

                hamaspaosaken taruna kekalih. Lumaksana jajar kalih dhampyak-dhampyak, punika

                ta warnanira para warara pangaraking lampah ingkang pindha putri dhomas. Sadaya

                sami   sulistya ing warni, upamia puspita nedheng-nedhenging mekar mangrurah sari,
                mila   pantes  kalamun  akarya  gawoking  paningal,  langkung-langkung  para  jejaka
                ingkang humiyat kami tenggengen, pangengeting wardaya bilih kawedhar ing lathi,

                ―Adhuh-adhuh putri kok endah-endahing warni, kapan ya aku methik sawiji, kaya sri

                penganten iki?

                        Maneka warna busanane kadya puspita hanjrah salebeting taman.  Ing wuri
                para  putri  dhomas  sumusul  para  kulawangsane  sri  penganten,  tansah  jumurung

                angombyongi  kirabing  panganten  sarimbit.  Ingkang  tansah  tut  wuri  handayani

                lampahing panganten kekalih, minangka panutuping lampah, rama lan ibu ingkang

                hamengku  gati.  Bombong  sarta  birawaning  manah  sang  panutuping  kirab,  dene

                atmajane wus kalampahan jinatukrama ing kakung kang wus dadya pepilihing  ati

                sarta  kaiden  dening  para  sepuh  anut  reh  satataning  nagari  ugi  saged  nguningani

                dhauping  putra  sineksen  dening  sagung  para  tamu.  Pramila  jroning  lumaksana

                pethiting  lampah  tansah  asung  pepuji  ing  salebeting  kalbu,  mugi-mugi  berkah  lan

                pangestuning para sepuh andayanana mring sri penganten sarimbit.
                                                                               Sumber: Sastri Basa kelas X


                  GLADHEN!

               1.  Teks wacan kasebut ing dhuwur nggambarake acara apa?
               2.  Tetembungan endi kang nuduhake wangsulanmu?
               3.  Sapa wae paragane acara mau?
               4.  Lamat-lamat swaraning gendhing Ketawang Srinarendra‖ Adhedhasar ukara kasebut, manut
                   panemumu nyapa adicara kuwi kudu nganggo swaraning gendhing?
               5.  Golekana tetembungan kang manut panemumu ora kena ditegesi salugune ing paragraf 3
                   lan 4!
               6.  Manut panemumu, kena apa sajerone teks mau, akeh banget tinemu wewujudaning basa
                   kang ora salumrahe, tegese beda karo basa pedinan?

               Info Sekilas
                                             Bausastra
                      retna         : emas         manjing       : mlebu
                      manyura       : merak        sasana        : papan
                      sasra         : sewu         Taksaka       : ula
                      situ          : wit          taranggana  : lintang
                      humiyat       : nyawang      pethit        ; keri, buri, pucuk






          @SMAN 2 Surabaya                                                                            10
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19