Page 11 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 11
Kagiyatan Mangerteni Teks Panyandran
Belajar 3
Ing kagiyatan iki, para siswa kaajab bisa mangerteni hakikate teks panyandran. Kanggo
nggampangake anggon nyinaoni bab iki, ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor
iki!
Cathetan
Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kahanan sarana pepindhan dadi sing
luwih digatekake yaiku gegambaraning kaendahan utawa kahanan wong nyandra iku ora mesthi
nganggo basa rinengga, tegese nganggo basa kang lumrah.
Candrane Manungsa
Tuladha:
irunge ngudhup mlati
drijine mucuk eri
lembehane mblarak sempal
idepe tumengeng tawang
untune miji timun
Mungguh kang lumrah dicandra yaiku:
✓ Anggane manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa.
✓ Anggane danawa lan bab kang gegayutan karo danawa.
✓ Kahananing alam.
@SMAN 2 Surabaya 7