Page 7 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 7

Sadurunge sinau materi kang sepisan iki, coba wacanen lan gatekna wacan ing ngisor iki!

                                               Cinandhi
                                        Anggitane: J. F. X Hoery

                            Dina iki dakoyak playune wektu, sing
                            Balapan karo angin jaman
                            Tibake nggawa mlayu umurku
                            Bengi iki dakoyak playune mangsa, sing
                            Balapan karo keteging nafas
                            Tibake wis gendhakan karo kodrating alam
                            Sapa kang inceng – inceng saka waliking sepi
                            Sing kijenan ngangkah lakuning pepesthen
                            Pinotha – potha dadiya lajer
                            Binandhul  pratandhaning panjaka jangkah
                            Kliwat lamun winadhahan udhu sembur
                            Dakpasrahake marang smara bumi keblat papat
                            Kang bakal ngreksa jagat sawantah
                            Bali marang sejatining rasa jati
                            Cinandhi ing uleganing pangawikan
                            Sing wis ora malang tumoleh
                                                                 Bojonegoro, 2008




                   Pitakon:

                   1.  Miturut tuladha kasebut, apa kang diarani basa rinengga?

                   2.  Apa kang dadi karakteristike basa rinengga?



                 Kagiyatan                    Mbangun Konteks lan Pemodelan

                Pasinaon 1                                Basa Rinengga

                  Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab basa ing teks sastra utawa non sastra, khususe
          babagan basa rinengga. Sadurunge, kanggo nggampangake anggonne nyinaoni bab iki, Ayo
          bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki!
          Basa  Rinengga  asring  diwastani  basa  endah.  Basa  rinengga  gabungan  saka  tembung  basa  lan
          rinengga. Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake. Basa rinengga asring
          diprangguli ing geguritan, sesorah, tanggap wacana, panyandra manten, saloka, lan saroja.
          Carane ngrengga basa, yaiku:
          1.  Sarana diandharake utawa diserat mawa ukara liya ingkang tetembungane ngemu surasa luwih
               bregas.

          2.  Diganti tetembungane sawetawis, utama diganti tembung kawi.
                                 Karakteristik teks sastra utawa teks non sastra
              No.  Teks sastra                                 Teks Non Sastra
               1   Karangan non ilmiah utawa asil karya        Karangan  dikembangake  adhedasar
                                                               paugeran panggunaane basa
               2   Ora kaiket dening dening paugeran           Aturan-aturan panulisane
               3   Ngemu makna konotatif, ekspresif, sugestif   Makna salugune
          @SMAN 2 Surabaya                                                                             3
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12