Page 9 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 9
4. Wong becik iku ora amung wong kang apik praupane, nanging uga apik budi pakartine.
5. Nalika kagiyatan bersih desa, para warga guyup rukun bebarengan kerja bhakti.
6. Toni tibo jungkir walik nalika sepedahe nabrak pager omahe Pak Untung.
7. Para tamu undhangan klambine sarwendah.
8. Novi dhemenyar amarga ditukokake klambi karo Bapake.
9. Wiwit cilik uripku tansah katula-tula katali.
10. Aja cilik ati, sing sapa salah mesthi bakale seleh.
Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut, bisa nglanjutake kagiyatan pasinaon 2 iki.
Kagiyatan Mbandingake Tuladha
Pasinaon 2 Teks Sastra lan Nonsastra
Ing kagiyatan iki, para siswa mbandingake teks sastra lan teks nonsastra. Sadurunge, kanggo
nggampangake anggon nyinaoni bab iki ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor
iki!
Karakteristik teks sastra utawa teks non sastra
No. Teks sastra Teks Non Sastra
1 Karangan non ilmiah utawa asil karya Karangan dikembangake adhedasar paugeran
panggunaane basa
2 Ora kaiket dening dening paugeran Aturan-aturan panulisane
3 Ngemu makna konotatif, ekspresif, sugestif Makna salugune
Sawise mangerteni karakteristik teks sastra lan nonsastra kasebut, coba gatekna tuladha teks ing ngisor
iki!
Wacan 1
TANCEP KAYON
Assalamualaikum, wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu para sedherek kakung putri ingkang kula kurmati, langkung rumiyin
sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos puji syukur dhumateng padanipun Gusti Allah Ingkang Maha
Agung, amargi ngantos ing titi wanci punika kita sadaya tansah dipunparingi rahayu kawilujengan.
Saengga kita saged jagong sapatemon wonten dalemipun Bapak Catur Irianto punika kanthi kawilujengan.
Solawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun
paring pitedah dhumateng kita arupi piwucal agami Islam.
Bapak, Ibu, para kadang ingkang kula tresnani, wonten ing kalodhangan punika kita sadaya
kaaturan rawuh wonten dalemipun Bapak Catur Irianto sakulawarga, saperlu mangayubagya anggenipun
Bapak Catur Irianto sakulawarga tampi nugraha.
Bapak, Ibu, para sedherek ingkang kula kurmati, kala dinten Selasa Kliwon tanggal 22 Desember
2009, Panjenenganipun Bapak Catur Irianto saha ibu tampi kanugrahan saking Gusti Allah Ingkang Maha
Mirah, inggih punika wiyosipun keng wayah ingkang dados gegadhanganipun. Alhamdulillah, wayah
nomer setunggal punika mijil putri. Salajengipun ingkang wayah kaparingan asma Lina Nur Afida Puri
Hayuningrat M.
Para Bapak, Ibu, saha kadang-kadang ingkang kula tresnani, wonten ing kalodhangan punika,
sumangga kita sami nyenyuwun dhumateng padanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung, mugi-mugi
Anakmas Lina Nur Afida Puri Hayuningrat M.,....................................
Sumber: Sastri Basa kelas X
@SMAN 2 Surabaya 5