Page 13 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 13
Repepeh-repepeh andhadhap anoraga, denira lumaksana tumapaking pada
anut irama, solah bawane kadya ambeksa, salagane anglam-lami, lah punika Sang
Suba Manggala ingkang mangarsani lampah. Sepining penggalih jroning lumaksana
kanthi kebak ing pangarah-arah hamung suka tetuntunan dhumateng sri penganten,
PANUTUP
mugi denira arsa lelumban ing madyaning bebrayan agung tansah anengenaken
pangatos-atos pepayung budi rahayu, linambaran tepa sirik ing kadurakan, tresna,
amrih ing karukunan, kumawula, mangertos ing wajib, dene sembada, rosa lan adege
wreksa waringin ingkang kukuh bakuh bangkit kinarya pangayoman. Kembar
busanane, rampak dedeg piyadege, punika ta ingkang sinebat patah sakembaran,
ingkang katindakaken dening lare estri ingkang maksih timur, jroning lumaksana
sinambi gegojegan; parandene datan saru dinulu nanging malah sangsaya anambahi
asrining pandulu.
Kaladuking panyandra ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun,
tansah asung puji pangastuti dhumateng sri penganten sekaliyan mugi tansah
kinalisaken ing sukerta, cinaketna ing nugraha nganti tumekaning kaki-kaki lan nini-
nini, tansah tinangsulan reh darmaning palakrama awewaton wetahing sutresna
ingkang suci. Gebyar-gebyar pating pancurat pating palancur kadi taranggana silih
sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta angagemane sri penganten sarimbit.
Sri penganten kakung mangagem makutha (dhestar rukmi ginepeng), pinatik kumala,
pinatut dening sesumping kembang kanthil miwah dhasi munggwing jangga lir
ginupit, datan kantun ngagem sangsangan kencana ingkang carub wor kalawan
sangsangan puspita rinonce munggwing jangga tumumpang pamidhangan kanan
kering, kawuryan ngegla yayah taksaka munggwing situ banda layu, kaya ula kang
ngleker ing uwit, wimbuh saya akarya bregasing penganten kakung. Atela corek
langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena
soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha
gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru
pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang,
ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung
gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lumaksana kadulu saya amimbuhi
pekiking penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, kacihna lamun nedya
sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.
Temanten putri dedege sedheng ora dhuwur ya ora cendhek sayekti wimbuh
hamantesi, sasolahe milangoni, lelewane nuju prana, rinengga ing busana edi endah,
ngagem cundhuk awangun wulan tumanggal tinarates sesotya pinatut kalawan
cundhuk mentul ingkang tansah ebah-ebah yen kinarya lumampah, kalamun cinandra
kadi anggane wong ayu kang lagya ngawe-awe bebedhangane. Ukel rinengga ponang
puspita endah kawuryan asri yen dinulu.
Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, pinatik-patik sesotya, satuhu
karya lam-laming kang samya humiyat. Kebayaknya awarni langking sinulam benang
kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung. Cetha kalamun
panganten sarimbit wus saruju boboting katresnan, mila jroning lumaksana tansah
pepuletan asta datan ginggang sarekma pinara sasra, ajrih uwal kalawan ingkang
garwa dhasar timbang rasa tresnane. Tandang tanduke rasa lumaksanane panganten
ingkang tansah runtang-runtung rerentengan dhumateng sagunging para taruna
satemah enget marang pepacangane, panglocitaning wardaya yen ta kawedhar ing
lathi, ―Suk kapan bisa dadi manten kaya dina iki?
@SMAN 2 Surabaya 9