Page 8 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 8
Jinise Basa Rinengga
• Tembung Entar
Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal
usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) .
Tuladha:
• Dasar bocah pinter lan meneng, mula saiki dadi bau tengene Pak Rohmad.
• Bau tengene tegese wong kang dipercaya.
• Dadi wong iku sing dawa ususe ngadhepi pacobaning urip ing donya iki.
• Dawa ususe tegese sabar.
• Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan.
Tuladha:
a. Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras.
b. Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
c. Cilik gedhe, enom tuwa, padha jejel riyel ngebaki dalan.
d. Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan.
• Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kanthi ngelongi cacahe wanda.
Tuladha:
• Narpa + endah = narpendah
• Sugih + arta = sugyarta
• Malebu + ing =malebweng
Tembung purwakanthi: dhapukane saka tembung purwa lan kanthi, tegese tetembungan kang runtut
swara, wanda utawa tembunge.
Wujude ana telu:
1. Purwakanthi guru swara, kang runtut swarane
Tuladha: ciri wanci lelahi ginawa mati
2. Purwakanthi guru sastra, kang runtut sastra (aksara)-ne
Tuladha: ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa
3. Purwakanthi guru lumaksita, kang runtut wanda utawa tembunge
Tuladha: kolik priya priyagung Anjani putra
GLADHEN!
Sawise maca lan mangerteni uraian materi kasebut, coba garapen pitakon-pitakon ing ngisor iki!
Ukara-ukara ing ngisor iki ngandung tembung kang nggunakake basa rinengga, coba golekana tegese
tembung kang kacithak miring kang trep!
1. Dadi bocah aja gedhe endhase.
2. Siti entheng tangane, ngerti penggawean ing omah padha dicandhak.
3. Amarga sombong, Pak Adi dadi kembang lambe ing desane.
@SMAN 2 Surabaya 4