Page 10 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 10
Wacan 2
NARIMA ING PANDUM
Tembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucapake, nanging satemene angel yen
dilakoni sajrone urip sedana-dinane. Pancen isih akeh banget wong kang ora bisa nampa kahanan kang
kudu ditampa. Akeh wong owah pikire saka anggone susah kedlarung-dlarung, kapara malah ora sithik sing
nganti nekat lampus dhiri. Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong-wong mau durung bisa nindakake
rasa narima ing pandum.
Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ikhlas apa sing ditampa lan apa sing diasilake.
Unen-unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak kang luhur, yaiku watak pasrah lan
ikhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wewarah iki ana sambung rapete karo
kapercayan pribadi ing babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti. Tegese, manungsa
minangka titah sawanta kaparingan kawenangan ndonga lan mbudidaya sakuwate tenaga, nanging ora
wenang mestekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo apa kang dikarepake. Kabeh pepesten mau
mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad.
Minangka tuladha, umpamane ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget,
paribasan sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah lan ya wis ora kurang-kurang anggone mbudidaya kanthi
donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa, kadang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi
nandang kahanan kang kaya mangkene iki, minangka manungsa lumrah wis samestine atine banjur susah,
lan ngresula. Yen wong sing cekak pikire, sing ora bisa nampa kahanan mau kanthi iklas, bisa-bisa pikirane
malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora adil. Nanging beda, yen
manungsa mau eling marang pitutur narima ing pandum, anggone susah lan ngresula mau ora bakal
kedawa-dawa. Kanggo munggel pikiran kang susah ben ora kebacut mutung, enggal-enggal nglenggana
pasrah mring kuwasaning Gusti. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen
kabeh mau mung wujud pacobaning urip.
Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, malah tansaya sengkut
anggone makarya lan tansaya gentur anggone donga. Awit wong kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti
Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong kang sabar, lan iklas nampa pacobaning urip.
Dadi cethane, ngecakake unen-unen narima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara
gang gampang. Sing bisa nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang utamane tansah caket
mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yenta manungsa mono mung
saderma nglakoni. Paribasan manungsa iku mung dadi wayang, kari manut marang karepe dalang.
Sumber: Sastri Basa kelas X
Yen wis mangerteni, bacutna ing kagiyatan gladhen ing ngisor iki!
GLADHEN!
Sawise nyemak kanthi setiti wacan ing dhuwur, wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngsisor iki!
1. Manut wujude, apa bedane wacan 1 karo wacan 2 ?
2. Kanggo mangerteni isi lan gagasane, manut panemumu luwih gampang wacan sing endi?
3. Sakwise mangsuli pitakonan nomer 2, banjur terangna alesanmu!
4. Terangna lan sebutna apa wae bedane basa kang digunakake ing wacan siji lan wacan kaloro!
Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut, mula bisa nglanjutake ing kagiyatan belajar 3 iki.
@SMAN 2 Surabaya 6