Page 12 - 10. UKBM-BD-SEM2
P. 12

Wacanen teks panyandran ing ngisor iki kanthi setiti banjur garapen pitakon-pitakone!













                                Gb.5.1 Upacara Adat Penganten (sumber Koleksi pribadi)

                                               PANYANDRA MANTEN

                       Sampun sawatawis dangu dennya lelenggahan sri penganten ing sasana kursi
                rinengga  kang  pinalipit  mawa  retna,  kinebutan  dening  elaring  manyura,  kongas

                gandane ngambar ngebeki ing pahargyan. Samana badanira sampun rumaos gerah

                lan sayah, arsa nyuwun kadherekaken manjing ing sasana palereman. Gya tanggap ing
                    sasmita, sang cucuk lampah nun inggih sang manggaling yuda, ingkang pinaragan
                dening  Dhimas  Bagus  Danang  Susatya.  Sigra  jengkar  sang  manggalayuda  saking

                palenggahan arsa siyaga ing gati, saweka ing dhiri hangentasi karya andherekaken

                tindaknya sri panganten kekalih kang memba narendra sadina.
                       Lamat-lamat  swaraning  gendhing  Ketawang  Srinarendra,  kadya  paring
                sasmita yenta adhicara wus ngancik dumugi titi laksana Kirab Kanarendran. Para-

                para kang tinanggenah angentasi karya andherekaken tindaknya sang mustikaning
                    pawiwahan,  gya  samya  enggal  siyaga  ing  gati  saweka  ing  dhiri  arsa  ngirabaken
                penganten.  Tata  urut  runtut  rerentengan  tata  lampah  kirabing  penganten.  Ing

                ngajeng  piyambak  nun  inggih  manggala  yuda.  Sumusul  ing  sawingkingipun  patah

                sakembaran ingkang katindakaken ni mas ayu Puspita Harumingtyas dalah rara ayu
                    Retnaningtyas,  nunten  lampahing  sri  penganten  sekaliyan  ingkang  datan  kendhat
                gegandhengan asta, yen cinandra kadya tan genggang senajanta sarambut pinara

                sasra.
                       Sumambung  ing  wuri  lampahing  sri  penganten  sarimbit  nenggih  punika  ta
                    warnane  sang  pratiwa  manggala  suba  ya  suba  manggala  tansah  hangetut  mring
                tindaking  sang  raja  sadina  ratu  sadalu  katingal  tansah  hanjejampang  lampah

                mbokmenawi wonten payo-payo ingkang bakal tumempuh marang sang penganten,

                satriya sakembaran katindakaken dening bagus Bagas Hartono dalah bagus Wisnu
                    Subroto.  Gandheng  renteng  reruntungan  urut  jajar  kalih  tataning  lampah
                manembrama kirabing penganten, inggih punika para paraga ingkang nggarubyuk

                kirabing penganten kanthi guyub padhang guwayane katingal amindha putri dhomas.

                Kapering wuri punika para kulawangsa miwah sumitrane. Datan kantun wingking
                piyambak  kawuryan  tansah  tut  wuri  handayani  njampangi  lampah  inggih  punika

                rama  dalah  ibu  nun  inggih  ingkang  hamengku  gati  sarta  kawastanan  panutuping

                kirab.









          @SMAN 2 Surabaya                                                                             8
   7   8   9   10   11   12   13   14   15   16   17