Page 504 - Masalah Agraria Sebagai Masalah Penghidupan dan Kemakmuran Rakyat Indonesia
P. 504

Lampiran

                  Padukuhan Polaman : 1 kamituwa 1 gogol, lan 6,062 bau
                  ganjaran : 2 kebayan siji-sijine olih 1 gogol lan ganjaran 3,426
                  bau lan 3,448 bau; 1 carik olih 1 wong gogol sarta ganjaran
                  4,110 bau; 2 kepetengan siji-sijine olih wong gogol lan ganjaran
                  4,044 lan 4,026 bau; 1 modin olih ganjaran bae ambane 2,020
                  bau.
                c. Siji-sijine wong angguran bayar duwit f 25 yen gogol f 12,50
                  yen wong kendon.
                  Ditimbang karo aturan lawas pembayaran angguran kanggo
                  gogol mudun f 5 kang kendon f 2,50. Wong kabeh ora mufakati
                  pembayaran angguran kurang saka kang kasebut bab (c) awit
                  saupami kurang saka samono, bakal kakehan wong kang
                  nganggur, ndadekake kabotan kanggo wong-wong kang ora
                  dianggurake.
                d. Kejaba wong angguran lan ganjaran sawah petinggi olih wong
                  pancen 2 (loro) wong ing saben dinane.
                e. Petinggi lan prabot-prabot desa kabeh olih saoyo pegaweyan
                  ora nganggo bayaran, mung sawah ingon sajroning wong di-
                  soyo mau.
                f. Pajeg-pajeg tanah ganjaran dening petinggi utawa prabot-
                  prabot desa kang nampa ganjaran dewe-dewe.
                g. Yen ana wong kang adol tinuku omah utawa lemah petinggi
                  lan prabot kang dadi saksi, olih ongkos kaya dene kang kasebut
                  ing ngisor iki :
                  Pepayon kurang saka 15 ongkos f 0,50.
                  Pepayon f 15 nganti ngisore f 50 ongkos f 1
                  Pepayon f 50 nganti ngisore f 100 ongkos f 2,50
                  Pepayon f 100 nganti ngisore f 200 ongkos f 5
                  Pepayon f 200 nganti ngisore f 300 ongkos f 6
                  mangkono sateruse saben mundak f 100 ongkos mundak f 1
                  nganti duwit mau duwure f 25.
                h. Yen ana wong kang adol tinuku rajakaya, kajaba wedus carik
                  olih pasangon f 0,50 (setengah rupiah).
                i. Modin oleh zakat fitrah sarta olih narik pesangon f 0,25 saka
                  wong pegatan utawa nikahan.
                j. Saben tahun yen ana cacahan rajakaya carik kang cacahan
                  rajakaya mau olih upah saka wong-wong kang duweni ra-
                                                                  483
   499   500   501   502   503   504   505   506   507   508   509