Page 503 - Masalah Agraria Sebagai Masalah Penghidupan dan Kemakmuran Rakyat Indonesia
P. 503

Masalah Agraria

            Lampiran IV


                            KEPUTUSAN DESA DAMPIT *
            Ing dina Senen tanggal 24 Agustus 1931, ing desa Dampit wus
            menganakake kumpulan kangge pilihan petinggi, sebab peting-
            gine lowok marga soko mati.
            Mangka sadurunge ditindakake pilihan, luwih dhisik dirembug
            lan ditetepake dening wong kabeh, yaiku bab kang kasebut ing
            ngisor iki :

            a. Kajaba petinggi kang bakal dipilih, ing desa Dampit mesthi
              ana prabot desa :
              Kanggo krajan Dampit : 1 carik, 3 kamituwa, 4 kebayan, 4
              kepetengan, 1 kuwawa, 1 modin.
              Kanggo padukuhan Ngelak : 1 kamituwa, 1 kebayan, 2 kepe-
              tengan, 1 modin. Kehe prabot desa ora bisa diturutake kaya
              unine Residentsbesluit tanggal 3 Oktober 1927 No. 1030 sebab
              desa Dampit iku ana padukuhane loro kang adoh-adoh pang-
              gonane saka krajan sarta omah-omah pada adoh lete siji dan
              liyane, kejaba mangkono padukuhan Polaman iku keletan
              tanah onderneming Sumbersuka ing krajan Dampit.
            b. Mungguh pengasilane petingi oleh sawah ganjaran 2,410 bau
              sarta wong angguran kehe ana 12 wong ing krajan Dampit
              sarta ing padukuhan Ngelak mligi mung oleh wong angguran,
              dene prabot-prabot desa kang ana ing padukuhan Polaman
              kajaba oleh wong angguran uga oleh wong angguran rupa
              tanah tegalan.
              Mungguh kehe wong angguran lan tanah ganjarane prabot-
              prabot mau ditetepake kaya dene ing ngisor iki :
              Krajan Dampit : 3 kamituwa a 5 gogol, 1 carik a 5 gogol, 3
              kebayan a 4 gogol, 4 kepetengan a 4 gogol, 1 kuwawa a 4
              gogol, 1 modin a 2 gogol.
              Padukuhan Ngelak : 1 kamituwa 5 gogol, 1 kebayan 4 gogol, 2
              kepetengan a 4 gogol, 1 modin 2 gogol.

            *  Adatrecht bundels, Gemengd XXXIX/1937

            482
   498   499   500   501   502   503   504   505   506   507   508