Page 102 - Majalah Digital PEMUDA MILLENIAL
P. 102
RANGKUMAN MAPEL BAHASA JAWA
Nulis Tembang Macapat
Tata panulise tembang macapat iku kudu ngugemi paugeran, yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra.
Kejaba paugeran kasebut, supaya bisa nulis tembang macapat kanthi becik uga kudu nggatekake tembung-
tembung kang dadi sasmitaning tembang lan uga wewatakane tembang macapat. Kanthi paugeran guru gatra,
guru wilangan, guru lagu, sasmita tembang, lan watak tembang, kita bisa nulis tembang macapat. Carane nulis
tembang macapat supaya luwih gampang kanthi urutan kaya mengkene:
» Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kokgawe tembang, saengga bisa mangerteni
wewatakane.
» Temtokna tembang apa sing arep kokgawe.
» Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
» Nggawea ukara-ukara kang salaras karo paugerane tembang.
» Tlitinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kokgawe mau kudu cocok karo paugerane
tembang sing kokgawe.
Nggancarake Tembang Macapat
Wewujudane tembang macapat iku saemper karo geguritan, yaiku awujud puisi. Tembang macapat uga kaiket
dening paugeran, guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Tuladhane wewujudane tembang macapat, yaiku
wenang nggunakake baliswara lan dayasastra. Mula wujude ora kaya lumrahe reriptan sastra kang awujud
gancaran. Ukara sajrone gancaran iku, polane kang baku dumadi saka jejer lan wasesa. Saengga, cara kanggo
mangerteni isine kudu digancarake luwih dhisik. Cara nggancarake tembang macapat iki ing kasusastran
Indonesia sinebut parafrase. Tatacarane kaya mangkene.
» Ukara-ukara kang iketane nggunakake baliswara kudu diwudhari luwih dhisik dadi ukara gancaran
» Tembung-tembung kawi ditegesi kanthi disalini tembung lumrah utawa basa saben dina.
» Yen ana tembung garba utawa sandhi, mula kudu diwudhari.
» Samangsa perlu, kena nyuda utawa ngimbuhi tembung kanggo nglarasake ukara.
Tata Cara Nembang Macapat
» Nguwasani tembang, amarga jinise tembang macapat iku ana 11, sajroning nembangake tembang saben
pupuh beda jinis tembange.
» Kudu mangerteni watake tembang.
» Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang macapat.
» Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna bahasa sing diwaca ing tembang.
» Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan, aja nganti mancah sawijining tembung.
» Yen ta amiwiti nembang gumantung wates tebaning swarane dhewe-dhewe aja nganti mblero kendheken
utawa kedhuwuren.
» Mangerteni lan nguwasani ngenani tempo jroning macapat, aja kendheken utawa kedhuwuren, kira-kira
padha ukarane kaya maca gancaran. Antarane saben seleh lan saben amiwiti nembang aja kesuwen utawa
kecepeten.
Tuladha Tembang Macapat
101