Page 101 - Majalah Digital PEMUDA MILLENIAL
P. 101
RANGKUMAN MAPEL BAHASA JAWA
Tembang macapat yaiku salah siji jinise tembang ing kasusastran Jawa. Tembang
macapat uga diarani tembang cilik kang cacahe ana sewelas. Mula bukane diarani
macapat, yaiku carane maca papat-papat utawa macane ’cepat-cepat’. Macane
tembang macapat kang nganggo paugeran papat-papat iku kudu dilarasake karo
paugerane pamedhote gatra tembang supaya bisa ngatur anggone unjal napas.
Paugeran Tembang Macapat
Tembang macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku
minangka salah siji wujud tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket
ing aturan utawa paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran jroning tembang macapat, yaiku:
» Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris ing saben pada.
» Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra.
» Guru lagu yaiku tebaning swara ing pungkasaning gatra.
Sasmita, Watak, Lan Pangannggone Tembang Macapat
Saliyane paugeran tembang macapat arupa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, tmbang macapat uga
nduweni sasmita watak, lan panganggo sing wis gumathok.
100