Page 100 - Majalah Digital PEMUDA MILLENIAL
P. 100

RANGKUMAN MAPEL BAHASA JAWA

        Tuladha Teks Layang Pribadi





















        Perangan sajroning layang pribadi lumrahe diperang dadi 8, yaiku:
        1.  Papan lan titimangsa : panggonan, tanggal nalika layang ditulis.
        2.  Adangiyah (adawiyah): nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang marang sing dikirimi.
        3.  Pambuka : isi kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep sing dikirimi iya slamet.
        4.  Surasa basa /isine layang: nerangake apa bae sing perlu dikabarake.
        5.  Wasana basa/ panutup layang : panjaluk utawa panjurung kang gandheng karo isine layang.
        6.  Peprenah : nerangake sesambungane wong sing ngirim layang karo sing dikirimi layang.
        7.  Tapak asma : Tandha tangan sing nulis layang.
        8.  Asma terang : jeneng cetha sing kirim layang.

        Unsur Basa Teks Layang
        Nalika nulis layang kudu mangerteni jinise ukara sing arep dianggo. Biasane, ukara sing dianggo nulis layang
        iku mau nduweni surasa dhewedhewe. Umume antarane nyritakake kahanan, nakokake kabar, pangareparep,
        lan liya-liyane.
        1.  Ukara  Carita  (kalimat  berita)  yaiku  ukara  kang  isine  nyritakake  sawijining  bab,  kedadean,  utawa
           sawijining kaanan marang wong liya.
           Tuladha : Ngaturi pawarta bilih ingkang wayah sakulawarga ing Madiun tansah ginanjar wilujeng.
        2.  Ukara Pitakon (kalimat tanya) yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca utawa
           sing diajak  guneman.  Ukara iki umume migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kados  pundi,
           sinten, sapa lan pira.
           Tuladha: Pripun pawartane simbah lan pakdhe ing Surabaya?
        3.  Ukara Sananta yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya, nanging kang duwe niat utawa sedya mau
           awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kelakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niat.
           Tuladha: Kula mbenjing ndherek nyipeng watawis seminggu.

        Unggah-ungguh Basa
        Sajrone medharake isine layang marang sapa wae mesthi lumantar ukara kang nggunakake unggah-ungguh
        basa. Nulis layang marang sapepadhane lanmarang wong kang luwih tuwa kudune nggunakake unggah
        ungguh basa kang beda. Kanggo nulis layang marang wong kang luwih tuwa kaya tuladha layang ing
        dhuwur nggunakake basa krama.
        Basa krama yaiku jinising basa kang dumadi saka tembung krama kang diseseli tembung krama inggil.
        Tembung sing dikramakne inggil biasane amung kanggo wong sing dikurmati wae. Basa krama iki uga
        sinebut basa luwes amarga bisa dianggo sapa bae.

                                                           99
   95   96   97   98   99   100   101   102   103   104   105