Page 99 - Majalah Digital PEMUDA MILLENIAL
P. 99

RANGKUMAN MAPEL BAHASA JAWA

        Layang mujudake salah sijine sarana komunikasi. Senajan ing mangsa
        saiki  wis  ana  sarana  komunikasi  kang  luwih  canggih,  kayata:  tilpun  TEKS LAYANG

        kabel, telpun seluler, internet, e-mail, SMS, media sosial, lan
        liya-liyane,  nanging  layang  isih  akeh  digunakake  masarakat
        kanggo sesambungan, kanggo ngirim kabar. Layang kiriman
        uga diarani layang iber-iber.

        Jinise Layang
        Jinise  layang  kiriman  utawa  layang  iber-iber  ana  6,  ing
        antarane:
        1.  Layang kitir yaiku layang sing isine mung saperlune wae,
           cekak,  ditulis  ing  dluwang  utawa  kertas  sakecandhake,
           nanging ditengeri mawa tulisan kitir.
        2.  Layang  paturan  yaiku  sawijine  layang  sing  isine  menehi
           weruh  utawa  ngabari  samubarang  sing  kudu  dingerteni
           dening wong akeh.
        3.  Layang dhawuh yaiku layang sing isine dhawuhe wong dhedhuwuran marang andhahane (saka wong sing
           luwih dhuwur pangkate marang wong sangisore).
        4.  Layang ulem  layang undhangane wong sing duwe gawe (mantu, khitanan, ulang taun, lan pahargyan
           liyane).
        5.  Layang lelayu layang sing isine menehi kabar kesripahan utawa wong kepaten.
        6.  Layang ganep layang sing isine jangkep (nggunakake unggah-ungguh sing trep, nganggo; bebuka, isi,
           panutup, tanggal, peprenah, lan tandha tangan sarta jenenge sing ngirim).

        Tuladha Teks Layang Ganep

        Perangane layang ganep dumadi saka:
        1.  Adangiyah  yaiku  perangan  kang
           nyebutake  marang  sapa  layang
           ditujokake.
        2.  Purwaka   basa    yaiku   perangan
           sadurunge  isine  layang  lumrahe  isi
           atur pambagya wilujeng.
        3.  Surasa basa yaiku perangan isi layang
           utawa kang dadi wigatining layang.
        4.  Wasana    basa    yaiku   perangan
           pungkasane  layang,  isine  nyuwun
           pangapura manawa ana tetembungan
           sing kurang prayoga.
        5.  Titi  mangsa  yaiku  perangan  kang
           nyethakake wektu lan papan panulise
           layang.
        6.  Paprenahan  yaiku  perangan  kang
           nyethakake sapa utawa kaprenah apa
           kang gawe layang.
        7.  Tapak  asta  lan  asma  panyerat  yaiku
           perangan  kang  nyethakake  tapak
           asta/tandha tangane sing kirim layang
           lan jenenge (nama terang) sing nulis
           layang..






                                                           98
   94   95   96   97   98   99   100   101   102   103   104