Page 19 - majalah espero
P. 19
Adat Mantu ing Tanah Jawa lan Pangajab Luhur
Jroning Tata Carane
Dening Ki Topo (Dwija Basa ing SMP Negeri 2 Demak)
Ing tengah-tengahe bebrayan Tanah Jawa jebul akeh tata
cara kang isih ditindakake dening warga bebrayan utawa
masyarakat, kayata: adat mantu, tingkeban, ngedekake
omah, panen wiwitan, apitan, rasulan lan sakpanunggalane.
Ing kalodhangan ini, penyerat pengin mbeberake bab tata
cara adat mantu.
Sakdurunge penyerat matur luwih adoh babagan iki,
keparenga penyerat matur yen sing dijlentrehake ing
tulisan iki mujudake adat, dudu syariat. Kang diwastani adat
iku mujudake bab kang turun temurun ditindakake dening
bebrayan agung ing Tanah Jawa. Dene paugerane iku
pitungkas saka para pinisepuh ing nguni. Kanthi mengkono aja nganti ndadekake salah penemu
yen adat utawa tradisi iki ora asipat wajib nanging iku budaya kang nate dilakoni. Ing jaman anyar
iki yen ana sing kersa nindakake ya mangga dene sing ora kepengin nindakake ya sumangga, kabeh
mung didhasari rasa tresna tumrap budaya.
Mantu iku sawijining prastawa kang lumrah ana ing laladan Tanah Jawa. Kang diarani mantu iku
nalika wong tuwa nindakake darmane, yaiku malakramakake utawa nikahke anake wadon
apadene lanang. Yen jarwa dhosok utawa kerata basane mantu iku jare ana kang ngendika saka
lingganing tembung “sing dieman-eman metu”, tegese yen sakdurunge ana sing disimpen utawa
ditabung mula nalika nikahake putrane mau simpenane didhudhah kanggo wragad. Bisa uga
ditegesi putra sing disayang utawa dieman-eman metu amarga pisah nderek garwane. Ana uga
kang negesi mantu saka tembung mranata anak lan putu. Sumangga wae sing wigati kabeh mawa
kekarepan kang becik.
Miturut adat tradisi Jawa, mantu iku bisa ditindakake kanthi tata cara kang ringkes apadene
nggunakake tata cara adat jangkep. Kabeh mau gumantang sak kersane sing arep kagungan kersa
mantu lan uga nimbang babagan prabeya utawa ragad kang kudu dicepakke. Yen digawe ringkes,
mantu bisa cukup akad nikah utawa ijab qobul utawa adat panggih climen. Ewa semana, bisa uga
ditindakake kanthi urut-rutane tata cara jangkep kaya dene ing ngisor iki.
1. Nontoni
Tata cara nontoni mujudake tata cara sing paling dhisik. Bab iki disebabake jaman biyen kuwi
antarane calon manten durung pitepungan utawa kenalan amarga sing akeh dijodhokake
dening wong tuwane. Mula banjur calon manten lanang dijak sanja marang omahe sing arep
dijak besanan. Sakbanjure bocah wadon sing dikarepake didhawuhi leladi unjukan marang
15