Page 22 - majalah espero
P. 22
11. Tarub
Ing wayah esuk sak bubare malem midodareni banjur dianakake adicara tarub, yaiku kanggo
nyamektakake yen isih ana bab-bab sing durung tumata sakdurunge ijab qobul lan panggihe
temanten. Ing adicara tarub iki padatan ditindakake pranatane panggonan, pepasren, lan uga
kanggo mesthekake yen kabeh wis siyaga. Ana saweneh priyayi kang paring dhawuh menawa
tembung tarub iku saka basa Arab ta’aruf kang tegese adicara kanggo calon manten kakung
lan putri ngraketake anggone wanuh utawa srawung sakdurunge ijab qobul. Mung wae
lakuning jaman saiki calon manten iku rata-rata wis padha wanuh lan srawung sakdurunge
mula akeh sing wis ngilangake adat tarub iki.
12. Ijab
Tata cara ijab/qobul iki saktemene mujudake tata cara kang paling wigati tumrap dhauping
temanten, yaiku calon temanten kakung nampa ijab qobul saka wong atuwane temanten putri
utawa wali nikah. Adicara ijab qobul iki kawengku dening penghulu utawa naib saka Kantor
Urusan Agama (KUA) kanthi disekseni dening saksi lan saperangan pinisepuh kang rawuh. Ijab
qobul dudu perangan adat nanging iki stataning pranata agama Islam. Yen manten mau
ngrasuk agama Kristen/Katholik dianakake sakramen/pemberkatan ing Greja.
13. Temu/panggih
Adat panggih utawa temu manten iku isih lumadi ing bebrayan agung. Ana sing nganggo adat
jangkep nanging uga ana kang ringkes manut kersane pamangku gati. Tata cara temu manten
utawa panggih dipandhegani dening juru panggih, adate saka juru rias temanten. Nalika
manten sak karone adhep-adhepan banjur dianakake balangan gantal. Gantal dumadi saka
suruh dilinting ditaleni bolah lawe. Ing adicara iki temanten kakung lan putri ketemu, tangkep
asta/salaman, sak banjure temanten putri ndhodhok sungkem kalawan temanten kakung,
amasuh ampean utawa sukune kakunge, uga dianakake upacara wiji dadi, yoiku sukune
temanten kakung ngidak endhog ayam ing pengajab temanten enggal pinaringan turun putra
saka Gusti Kang Akarya Jagad, Allah swt. Yen ngagem adat Jogjakarta endhog ayam mau
dibanting ing bumi nganti pecah.
14. Krobongan/kacar-kucur
Sakwuse temanten rampung
dipanggihake banjur jejer lan
disingebi sindur utawa kain
warna abang putih dituntun
dening wong tuwane tumuju ing
palenggahaning temanten.
Pangajabe temanten mau
dituntun dituduhake marang
dalane kautaman dimen rahayu
slamet uripe. Sakwuse lungguh
jejer ing bale pajangan banjur
dianakake upacara krobongan
kacar-kucur. Adicara kacar-kucur awujud pralambang temanten kakung asok guna kaya utawa
hasile rejeki anggone nyambut gawe marang garwane. Isine piranti kacar kucur iku awujud
duwit kepeng utawa receh, beras, kacang ijo, kacang kedhele lsp. Kacang kawak, dhele kawak
18