Page 17 - Ringkesan X-A
        P. 17
     G.  Ringkesan adegan wayang, yaiku:
                          1.  Pathet Nem
                                   jejeran (adegan kedhaton)
                                   paseban jawi
                                   jaranan (wadya bala kewan)
                                   perang ampyak
                                   adegan sabrangan
                                   perang gagal
                          2.  Pathet Sanga
                                   Bambangan
                                   perang kembang
                                   jejer/ adegan sintren
                          3.  Pathet Manyura
                                   jejer manyura
                                   perang brubuh
                                   tancep kayon
                       H.  Suluk
                          -  Suluk  asale saka tembung ‘su’ kang tegese endah, becik; lan ‘luk’ kang
                              tegese  lekuk,  swara.  Suluk  sinebut  uga  puisi  utawa  syair  Jawa  kang
                              dilagokake.  Prelu  dimangerteni  suluk  kang  dikarepake  ing  kene  dudu
                              suluk  bab  kawruh  kebatinan,  nanging  ing  kene  sing  dikarepake  suluk
                              sajroning  wayang  utawa  pewayangan.  Miturut  pigunane  suluk  sajroning
                              pewayangan bisa kapilah dadi 4, yaiku:
                                   Pathetan
                                     digunakake ing swasana kang ayem lan tentrem.
                                     Tuladha:
                                        dhedhep tidhem prebawaning ratri
                                        sasadara wus manjer kawuryan
                                        tan kuciwa memanise
                                        manggyep sri nateng dalu
                                        siniwaka sanggya pradasih
                                        aglar neng cakrawala
                                        winulat ngalangut
                                        prandene paksa kebekan
                                        saking kehe taranggana kang sumiwi
                                        warata tanpa sela
                                   Sendhon
                                     digunakake ing swasana kang sedhih lan trenyuh.
                                   Ada-ada
                                     digunakake ing swasana kang rame, nggegirisi lan medeni.
                                                     CATHETEN ING LEMAH YEN KOWE WEWEH,
                                                     CATHETEN ING ATI YEN KOWE DIWENEHI
                                                                                                            17





