Page 12 - Ringkesan X-A
P. 12
C. Struktur Artikel
Struktur (cengkorongan) artikel umume, yaiku:
- irah-irahan (judhul)
- paragraf pambuka
- paragraf isi
- paragraf panutup
Tuladha 1: Artikel Ilmiah
KRITIK SOSIAL SAJRONING WAYANG GOMBAL
ANGGITANE GUNARSO TS
(TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
Dharaka Russiandi Perdana
Saripathi
Kritik sosial yaiku panyaruwe, tanggapan, kang ditujokake marang sawijining bab kang
dumadi ing masyarakat nalika ana konfrontasi klawan kasunyatan arupa kebobrokan. Kritik sosial
diangkat nalika panguripan dianggep ora salaras lan ora harmonis, nalika bab-bab sosial ora bisa
diudhari jroning masyarakat. Kritik sosial diaturake sacara langsung lan ora langsung. Sacara ora
langsung bisa nggunakake media werna-werna.Salah sawijining media kang dianggep duwe daya
pangaribawa yaiku karya sastra kanthi wujud Wayang Gombal anggitane Gunarso TS utawa Ki Guna
Watoncarito.
Bab kang njalari panliti kepengin ngonceki isining lakon Wayang Gombal yaiku anane kritik
sosial kang kinandhut ing njerone. Apa maneh Wayang Gombal durung nate ditliti jalaran iki klebu
rubrik anyar ing kalawarti Jaya Baya. Magepokan klawan alesan panliten, bisa dijupuk underaning
panliten jroning panliten iki yaiku (a) wujuding wayang gombal, (b) wujuding kritik marang kahanan
ing masyarakat jroning lakon wayang gombal anggitan Gunarso TS kang ana sesambungan klawan
realitas jroning masyarakat, lan (c) piguna crita wayang gombal anggitan Gunarso TS ing babagan
sosial.
Magepokan klawan tujuwan panliten iki ora liya kanggo mangerteni apa wayang gombal iku,
wujud kritik kang kinandhut, lan piguna karya sastra. Dene, paedahing panliten iki, bisa ngundhakake
seserepan babagan karya sastra Jawa mligine cerkak lan karya sastra kang memper cerkak. Sarta
menehi sumbang sih tumrap pangrembakaning teori kasusastran Jawa, mligine bab sosiologi sastra.
Landhesan teori sajroning panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra, mligine tumrap
isi karya sastra kang ana sambung rapete klawan kahanan kang dumadi ing madyaning
masyarakat.Sakliyane iku uga nggunakake konsep piguna kanggo ngonceki pigunane karya sastra
tumrap pamaos. Babagan tata carane anggone nintingi, kanthi nggunakake metode heuristik lan
hermeneutik, yaiku kanthi nengenake pamacan lan tapsiran. Data-data ing sajrone panliten iki
diklumpukake kanthi studi kapustakan.
Andharan asiling panliten, panliti njupuk lakon cacahe rolikur (22), wiwit saka wulan Januari
nganti Mei 2011. Lakon-lakon iku banjur ditaning-taning lan dipilah-pilah sarta kacundhukake
klawan underaning panliten. Sawise ditaning-taning lan dipilah-pilah banjur bisa disumurupi endi
kang ngandhut kritik sosial, kayata bab donyaning panguripan, kayata poligami, kemacetan, lsp;
politik, kayata pemilu, partai politik, lsp; ekonomi, kayata reregan mundhak, lsp; lan hukum, kayata
terorisme, lsp. Saliyane iku, uga bisa kinawruhan pethikan-pethikan crita kang ana sambung rapete
klawan piguna karya sastra minangka dulce et utile, yaiku minangka panglipur lan piranti
pendhidhikan.
Tembung wigati: wayang, kritik sosial
12